Thursday, July 23, 2009

Wong Apik

Dulur, dadi wong apik iku impiane kabeh wong tuo nang dunyo iki. Wong tuoku, wong tuone sampeyan...kecuali wongtuone kethek..sing cuman isok menek. Tapi dulur, sejatine menungso iku nang getihe mlaku rong warno, abang lan putih. Nek menurutku, abang iku getih umum sing tak artekno lambang jahat lan putih iku lambang apik. Dadi nek sampeyan ndelok kanan-kiri pasti akeh wong sing gak apik lan mek setitik sing apik. Tapi kabeh iku memang pengaturane sang pangeran, cek dunyo iki isok muter...abang putih, putih abang.

Kadang awake dewe molahe cilik wis djejeli keapikan, tapi nek wis gedhe tetep ae dadi wong sing gak apik...walaupun kadare titik. Ngonoiku dulur awake dewe kadang cuman iso usaha dadi sing apik, nek ora iso yo terus dadio wong ora apik gawe awake dewe tapi tetep dadi apik kanggo wong lio.

Iku mau, mek unek-uneku dulur sakmarine ndelok berita bom-boman sing ngrugekno wong akeh.

No comments:

Post a Comment